Bahasa Jawa Kelas 4 Semester 1 (Endahe Urip Guyub Rukun) Pandadaran Akhir Wulangan 1


Pandadaran Akhir Wulangan 1



Yen arep ngarang geguritan, kudu bisa milih tetembungan kang endah.
Jroning nulis geguritan bab-bab sing kudu digatekake yaiku :
  1. dhiksi (pamilihing tembung)
  2. imajinasi (pangangen-angen)
  3. majas (gaya bahasa)
  4. ritmik
  5. makna semantik
Supaya bisa maca geguritan kanthi becik, bab-bab sing kudu digatekake :
  1. Ngerteni isine geguritan
  2. Ekspresine kudu cocog Karo isine geguritan
  3. Suaranya kudu los, aja diempet
  4. Pangucapane Tembung kudu teteh lan bener
  5. Lagune ukara kudu trep karo isine
Bab-bab sing kudu digatekake jroning maca geguritan :
  1. Ekspresi, yaiku mobak mosiking praen kudu cocog karo isine.
  2. Kinestik, yaiku mobak mosiking awak kudu cocog karo karepe geguritan.
  3. Artikulasi, yaiku anggone ngucapake tembung kudu bener kan jelas.
  4. Wirama, yaiku ngenani intonasi, banter lirihe swara, dawa cendhake swara, lan cepet utawa kaleme swara kudu trep.

Carane supaya bisa maca geguritan kanthi kebak ekspresi, sing kudu digatekake yaiku:
  1. Mangerteni isine geguritan sing diwaca.
  2. Bisa ngrasakake isine guritan, supaya ekspresi lan mimike bisa trep.
  3. Duwe swara sing landhung lan becik, supaya kepenatan dirungokake.
  4. Pangucape tembung kudu bener.


Gatekna geguritan ing ngisor iki!

Guyub Rukune si Semut
Dening Yuli Falianti Fallah

Si blekithi
Nadyan alit ringkih
Tansah nengenake komunikasi
Guyub rukun anggung den jagi
Engga kwawa ngusung boga gung aluhur
Pakaryan abot bisa rampung
  1. Pilihen salah siji jawaban sing bener!
  1. Sing dikarepake si blekithi jroning geguritan ing ndhuwur yaiku…
  1. tawon
  2. manuk
  3. kupu
  4. semut

  1. Watak sing diduweni semut yaiku…
  1. guyub rukun
  2. angkara murka
  3. seneng tukaran
  4. seneng adu-adu

  1. Sing diutamakake dening semut nalikane isih urip yaiku…
  1. komunikasi
  2. bedhigasan
  3. demonstrasi
  4. cecongkrahan

  1. Watak semut sing kudu ditiru yaiku anggone seneng…
  1. tukaran
  2. memungsuhan
  3. gotong royong
  4. tukar padu

  1. Menawa niru watake semut, nalika tandang gawe senajan ana pakaryan abot…
  1. tambah abot
  2. gampang rampung
  3. gampang wedi
  4. tambah suwe

  1. Tegese tembung “ringkih” jroning geguritan ing ndhuwur yaiku…
  1. rosa banget
  2. isih cilik
  3. kuwat banget
  4. kurang rosa

  1. Salah sijine jinis karangan sastra Jawa sing dikarang kanthi nengenake rasa kaendahan diarani…
  1. cangkriman
  2. geguritan
  3. parikan
  4. paribasan

  1. Geguritan iku yen ing basa Indonesia diarani…
  1. pantun
  2. peribahasa
  3. puisi
  4. syair

  1. Unsur-unsur sing nyengkuyung utawa mbiyantu isine geguritan diarani…
  1. pilihan tembung
  2. unsur intrinsik
  3. struktur teks
  4. pesen amanat

  1. Tembung-tembung sing dipilih kanggo nulis geguritan yaiku tembung-tembung kang…
  1. mentes lan mantesi
  2. lumrah digunakake
  3. angel dingerteni
  4. ora tau digunakake

  1. Jroning maca geguritan mobak-mosiking awak kudu cocog karo isi karepe geguritan diarani…
  1. ekspresi
  2. artikulasi
  3. kinestik
  4. wirama

  1. Nalika maca geguritan swarane kudune…
  1. lirih wae
  2. los lan banter
  3. rada banter
  4. banter terus

  1. Supaya bisa maca geguritan kanthi becik kudune…
  1. bisa ngarang
  2. pinter nembang
  3. ngerti pengarange
  4. paham isine

  1. Jroning nulis geguritan sing diutamakake dhiksi. Sing diarani dhiksi yaiku…
  1. penganggone wirama
  2. pangangen-angen
  3. penganggone gaya bahasa
  4. pamilihin tembung


B. Soal ing ngisor iki garapen manut prentahe!
  1. Apa sing diarani geguritan?
  2. Sebutna apa wae strukture geguritan iku!
  3. Supaya bisa ngerteni isine geguritan, bab-bab apa wae sing kudu digatekake?
  4. Supayaya bisa maca geguritan kanthi becik, bab-bab apa wae sing kudu digatekake?
  5. Kepriye carane supaya bisa maca geguritan kanthi becik?






    Tidak ada komentar:

    BUS HANTU (KELOMPOK 3)