Mata Pelajaran : Bahasa Jawa
Satuan Pendidikan : SMP/MTs
Kelas :
VII (Tujuh)
Hari / Tanggal :
Waktu :
PITUDUH UMUM :
1. Isinen dhata peserta (jeneng, kelas,
nomer, lan dhata Iiyane) ing Lembar Jawaban kanthi
komplit.
2. Gunakan potelot 2B kanggo ngisi jawaban ing Lembar
Jawaban Komputer (LJK).
3. Kanggo njawab soal uraian ing lembarJawab Uraian (LJU) gunakna pulpen.
4. Cacahe soal iki ana
45, dumadi saka35 soal pilihan ganda dan 10 soal uraian.
5. Sadurunge kokgarap
tlitinen Ian priksanen soal-soale kanthi setiti.
6. Garapen dhisik
soal-soal sing kokanggep paling gampang.
7. Laporna marang pengawas ruang menawa ana
lembar soal sing kurang jelas,
rusak, utawa kurang jangkep.
8. Telitinen maneh asil garapanmu sadurunge kokserahne
marang pengawas ruang.
9. Lembar soal ora oleh
dicorat-coret.
Wacan Bocah :
RATU
SIMA
(Dening: Jeparabaruku.blogsrport.com)
Miturut sejarah Ratu Sima asale saka
Kraton Kalinnga (abad 6).Ratu Sima minangka ratu
kang jujur,adil lan
tegas saengga ditresnani para rakyat Kalingga.Minangka panguasa tunggal
Ratu Sima kaloka
anggadhahi tata aturan kang tegas ing babagan colong jupuk.Paukuman ta-
Kang dikethok bakal ditindakake marang sapa wae kang colong
jupuk duweke liyan.Paukuman kuwi kanggo sakabehe rakyat kalebu kuluarga kraton
Kalingga.Salah siji wujud persamaan ha king sajroning babagan ukum .Salah siji
aturan perundangan kang diugemi yaiku tanggan bakal dikethok tumrap para
pandung senajan kang nindakake putra piyambak. Ratu Sima minangka panguasa Kerjaan Kalingga kang mapan ing pantaiutara
Jawa Tengah kirang langkung taun 567 M.Ratu Sima nindakake ukum kang tegas kanggo
numpas babagan colong jupuk lan kadurjanan sarta wewarah tumrap para rakyat
supaya tansah jujur.Dicritakake uga ana raja saka manca kang ninggalake
kantongisi emas ing dalan sakcedhake alun alun kanggo mbutekake manawa rakyat
Kalingga iku jujur jujur lan Ratune kuwai adil, lan teges.Kasunyatane pancen
pener kantong emas kuwi wutuh lan ora ana sawijining wong kang wani nyenggol
barang kang dudu duweke.Nganti sawijining dina ana putra Mahkota kang tanpa
sengaja nyenggol kantung kasebut.Pungkasane Ratu Sima paring paukuman tumrap
pangeran supaya tangane dikethok lan bisa dadi tuladha tumrap rakyat manawa
ukum kuwi kudu adil tegas lan ora pilih kasih.
A.
Pilihen wangsulan sing bener kanthi menehi tandha (X)
1.
Miturut sejarah ratu panguwasa Kalingga kang kaloka
jujur adil lan teges asmane yaiku :
a.
Ratu kalinyamat b.Ratu
Sima c.Ratu Gayatri d.Ratu Kilisuci
2.
Paukuman kang bakal diparingake marang sapa wae kang
tumindak colong jupuk yaiku..
a.
Sing colong jupuk bakal dikunjara
b.
Sing colong jupuk bakal dipidana
c.
Sing colong jupuk bakal kena denda
d.
Sing colong jupuk bakal dikethok tangane
3.
Ratu Sima nata ing Kalingga wonten ing taun ….
a.
576 M b.
575 M c. 675 M d. 567 M
4.
Kanggo numpas …. Ratu Sima nindakake ukum kanthi tegas
a.
Pandung lan kadurjanan c.
Samubarang sing ala
b.
Kebecikan lan kebeneran d. kabeh barang kang ora becik
5.
Wewarah kang diwulangake dening ratu Sima marang para
rakyate yaiku …
a.
Kudu rukun b. kudu gotong royong c. kudu jujur d.
kudu mituhu
6.
Kang ditindakake dening raja manca kanggo mbuktekake
manawa rakyat Kalingga jujur ..
a.
Ninggalake kantong isi dhuwit ing sacedhake alun alun
b.
Ninggalake kantong isi emas ing sacedhake alun alun
c.
Ninggalake kantong isi dhuwit ing sacedhake pendhapa
d.
Ninggalake kantong isi emas ing dalan sacedhake alun alun
7.
Miturut wacan ing dhuwur kang ora sengaja nyenggol
kantong duweke raja manca yaiku…
a.
Pangeran utawa putra mahkota c. punggawa kraton
Kalingga
b.
Prajurit Kalingga d. rakyat Kalingga
8.
Tuladha kang di paringake dening Ratu Sima marang rakyat Kalingga yaiku …
a.
Ukum kuwi kudu tegas lan ora pilih kasih
b.
Ukum kuwi kudu adil lan ora pilih kasih
c.
Ukum kuwi kudu tansah ditegasake
d.
Ukum kuwi kudu tegas adil lan ora pilih kasih
9.
Tembung – tembung sing durung owah saka asale kudu
bisa madeg dhewe diarani tembung …
a.
lingga b.
andhahan c. saroja d.
camboran
10. Tembung tembung sing
wis owah saka asale jalaran oleh wuwuhan, pangrangkep, wancahan lan
kacambor diarani tembung …
a.
lingga b.
dwilingga c. kriya lingga d. andhahan
11. Tembung-tembung ing
ngisor iki kang kalebu tembung andhahan yaiku …
a.
Segara, prekara b. rina, wengi c. tulis, nggambar d.tumeka, kelepyur
12. Adhik ndhelikake
buku ing lemari . tembung linggane ndhelikake yaiku …
a.
ndhelik b.
dhelik c, ndhelike d. dhelikake
13. Tembung – tembung ing
ngisor iki kang ora kalebu tembung andhahan yaiku …
a.
lunga b.
tumeka c. gegayuhan d. mlaku
14. Kang ora kalebu
pangrimbage tembung andhahan karana karangkep yaiku …
a.
dwi tunggal b.
dwipurwa c. dwiwasana d. dwilingga
15. Tembung tembung ing
ngisor iki kang kalebu tembung dwilingga salin swara yaiku…
a.
ontang-anting b.
mlaku-mlaku c. bola bali d. undur-undur
16. Tembung loro utawa
luwih sing tegese padha utawa meh padha digawe bebarengan kanggo tujuan
mbangetake diarani tembung…
a.
garba b.
entar c. camboran d. saroja
17. Tembung sing duweni
teges ora salugune diarani tembung …
a.
garba b.
entar c. saroja d. camboran
18. Tembung tembung
kayata entheng tangane, wedi getih,adol
bagus kalebu tembung…
a.
entar b,
saroja c. garba d. camboran
19. Ukara ing ngisor iki
sing migunaake tembung saroja yaiku …
a.
Ibu lagi wae gawe madu mangsa
b.
Para warga desa padha guyub rukun tandang gawe
c.
Bocah yen dawa tangane mula ora ana kancane
d.
Omongane mesti ngabangake kuping
20. Rina wengi bapak
tansah mempeng anggone nyambut gawe , golek…
a.
Sandhang papan b.
raja kaya c. sandhang pangan d. raja brana
21. Tindak tanduk sing
dianggep ora netetepi tata karma mertamu yaiku …
a.
Mlebu omah kanthi sopan
b.
Yen mertamu kudu salam marang sing duwe omah
c.
Nhelengi barang barang kang ana ing njero omah
d. nalika mertamu kudu uluk salam dhisik
22. Basa ngoko lugu
digunakake dening ….
a.
Wong pangkat karo wong pangkat
b.
Anak marang wong tuwa
c.
Kanca padha kanca sing wis akrab
d.
Wong enommarang wong tuwa
23. Ukara ukara ing ngisor
iki kang migunakake basa ngoko alus yaiku
a.
Panjenengan apa sida wangsul sesok ?
b.
Bapak saweg maos kalawarti
c.
Bapak dhawuh menawa aku kudu sregep sinau
d.
Ibu lagi ngeterake adhik les
24. Ukara ukara ing ngisor
iki kang unggah ungguhe bener yaiku …
a.
Ibu mundhut rasuka enggal c. kula nembe kemawon siram
b.
Pak dhe Marta saweg mirsani ringgit d. Panjenengan sampun nedha ?
25. Ukara ukara ing ngisor
iki kang unggah ungguhe bener yaiku…
a.
Kula nembe dhahar
b.
Wangsulane ora ana sing bener
c. Ibu tangi turu
d. Panjenengan sampun nedha
26. Tatakramane mlaku ing
ngarepe wong tuwa miturut budaya luhur yaiku …
a.
Mlaku karo tingak tinguk c. kudu mlaku karo tumungkul sirahe
b.
Mlaku lembeyan wae d.mlaku
karo cepet – cepet
27. Unggah ungguh karo
wong tuwa yen budhal utawa teka lunga patrape kudu …
a.
Tansah pamit lan salim c.
tansah salaman
b.
Tansah pamitan d.
tansah nyuwun sangu
28. Miturut budaya luhur kang
kalebu babagan sing utama yaiku ….
a.
Tumindak sawiyah wiyah marang sapadha
b.
Rasa kurmat lan sopan santun minangka babagan kang
utama
c.
Tumindak kang ora mikir ake liyan
d.
Tumindhake tansah sopan santun
29. Babagan tata krama lan
sopan santun kudu diwiwiti awit cilik amarga …
a.
Supaya ing tembe mburi dadi uwong pangkat lan mulya
b.
Supaya ing tembe mburi dadi uwong linuwih
c.
Supaya ing tembe mburi bisa mikul dhuwur marang wong
tuwane
d.
Supaya ing tembe mburi bisa dadi uwong kang andhap
ashor
30. Ukara ing ngisor iki
kang kalebu basa ngoko alus yaiku …
a.
Eyang lagi wae tilem c.ibu
lagi gawe sekul goreng
b.
Daleme guruku adoh d.bulik
nembe mawon rawuh
31. Ukara ing ngisor iki kalebu
ukara basa krama alus yaiku …
a.
Mangga pak, dipun dhahar sak wontenipun
b.
Sampun dalu eyang wancinipun tilem
c.
Sekedhap njih pak, bapak taksih siram
d.
Nyuwun pangapunpen sampeyan sinten ?
32. Bapak sik tas …. Saka
kantor.Tembung kan cocog kanggo ngganepi supaya dadi basa ngoko alus yaiku …
a.
Wangsul b.
dhateng c. rawuh d. dugi
33. Pak kulo badhe …..
amargi kulo dereng adus
a.
Kondur b.
jengkar c. mulih d. wangsul
34. Ing ngisor iki kalebu crita pewayangan saka
ramayana yaiku …
a.
Anoman duta, laire shinta c. rama tambak,kresna gugat
b.
Kresna duta,rama tundhung d. laire parikesit,gatutkaca gugur
35. Ing ngisor iki kalebu
crita pewayangan saka Mahabarata yaiku …
a.
Wahyu cakraningrat, rama tundhung c. arjuna papa, laire antasena
b.
Babad wanamarta,laire sintha d. gatutkaca sungging, rama nitis
II. Tegesana paribasan ing ngisor
iki kanthi wangsulan sing bener!
36. Kegedhen empyak kurang
cagak =
37. Palang mangan
tandhuran =
38. Sepi ing pamrih rame
ing gawe =
39. Adigang,adigung,adiguna =
40. Timun wungkuk jaga
imbuh =
III. Tulisen nganggo
aksara jawa!
41. Dodol sate wedus :
42. Bapak camat :
43. Gelem goroh :
44. Pados yatra :
45. Dhemen wadul :
GOOD LUCK!!!
KUNCI JAWABAN BASA JAWA KELAS VII SEMESTER I
PILIHAN GANDA
1. B 11. C 21. C 31. A
2. D 12 B 22. C 32. C
3. D 13. A 23. C 33. D
4. A 14. B 24. B 34. D
5. C 15. A 25. B 35. C
6. D 16. D 26. C
7. A. 17. B 27. A
8. D 18. B 28. B
9. A 19. D 29. D
10. D 20. C 30. B
WANGSULAN PARIBASAN
36. Kegedhen empyak
kurang cagak = Kegeden kekarepan nanging kurang sembada
37. Palang mangan
tandhuran= Diwenehi kapercayan malah gawe kapitunan
38. Sepi ing pamrih rame ing gawe =
Nindakake penggawean kanthi ora duwe kemilik
an apa – apa.
39. Adigang,adigung,adiguna = Ngendelake
kekuatan,kaluwihan,kepinterane
40. Timun wungkuk jaga imbuh = Wong bodho
kanggone mung yen kekurangan wae
Tidak ada komentar:
Posting Komentar