Bahasa Jawa Kelas 4 Semester 1 (Endahe Urip Guyub Rukun)

Bahasa Jawa Kelas 4 Semester 1
(Endahe Urip Guyub Rukun)


  1. Apa sing diarani geguritan?
  2. Geguritan kuwi yen ing basa Indonesia diarani apa?
  3. Apa sing diutamakake jroning geguritan?
  4. Kepriye wewujudane utawa bentuke geguritan iku?
  5. Apa wae strukture geguritan?

Jawaban
  1. Salah sijine jenis karangan sastra Jawa sing dikarang kanthi nengenake rasa kaendahan
  2. Puisi
  3. - Pilihane tembung mentes lan mantesi
           - Basa sing digunakake basa endah (basa tinengga)
           - Nggunakake lelewane basa (gaya bahasa)
  1. Bebas ora kaiket anane pangeran/wewaton
  2. Strukture geguritan :
          - Dumadi saka pirang-pirang bait
          -  Nggunakake purwakanthi (rima/persajakan)
          - Tetembunge endah lan mentes

Tuladha Geguritan:
Guyub Rukune si Semut
Dening Yuli Falianti Fallah

Si blekithi
Nadyan alit ringkih
Tansah nengenake komunikasi
Guyub rukun anggung den jagi
Engga kwawa ngusung boga gung aluhur
Pakaryan abot bisa rampung

Supaya bisa ngerteni isine geguritan, ban-ban sing kudu digatekake yaiku:
  1. Negesi tembung-tembung kang utama.
  2. Nerangake maknane saben-saben ukara jroning geguritan.
  3. Nggathuk-nggathukake sambung rapete saben-saben ukara.
  4. Njlentrehake maknane geguritan kanthi wutuh.
Sakdurunge nerangake isine geguritan, perlu dingerteni tegese tembung-tembung kang utama:
  • blekithi : semut
  • alit ringkih : ketoke cilik lan rosa
  • nengenake : ngutamakake
  • komunikasi : rerembugan (musyawarah)
  • anggung : tansah diutamakake
  • den jagi : dijaga
  • engga : nganti
  • kuwawa : kuwat utawa bisa nandangi
  • boga : panganan
  • gung aluhur : gedhe lan Migunani
  • pakaryan : penggaweyan
Makna kang kinandhut jroning geguritan ing dhuwur :
Semut (blekithi) kuwi senajan wujude mung cilik lan ringkih, nanging tansah nengenake komunikasi. Karukunan tansah diutamakake. Krana urib guyub rukun, senajan wujude mung cilik lan ringkih, nanging bisa ngusung panganan sing gedhe. Krana guyub rukun, sakabehing penggaweyan abot bisa rampung.

Tidak ada komentar:

BUS HANTU (KELOMPOK 3)