TEMBANG MACAPAT

 

TEMBANG MACAPAT

 

1.        Tegese Tembang Macapat

Tembang macapat yaiku puisi Jawa gagrag lawas kang dilagokake lan kaiket dening paugeran (kaidah/aturan) tartamu. Tembung macapat ana kang negesi maca papat-papat (membaca empat - empat), yaiku macane saben patang wanda. Ana uga  kang negesi anggone nembangake nalika panembrama diwaca dening juru swara papat.

 

2.        Jinise Tembang Macapat

Jinise tembang ing bebrayan Jawa kaperang dai 4 (papat), yaiku :

a.    Tembang gedhe (sekar ageng/tembang kawi)

b.    Tembang tengahan (sekar madya)

c.    Tembang cilik (sekar alit/macapat)

d.    Tembang dolanan

Saka jinise tembang ing dhuwur kang lumrahe diwulangake ing pawiyatan SD nganti SMA, yaiku tembang cilik utawa tembang macapat sarta tembang dolanan. Nanging, ing wulangan iki kita mung nyinaoni ngenani tembang macapat wae. Jinise tembang macapat ana 11 (sewelas), yaiku:

1)      Maskumambang

2)      Mijil,

3)      Sinom,

4)      Kinanthi,

5)      Asmaradana,

6)      Gambuh,

7)      Dhadhanggula,

8)      Durma,

9)      Pangkur,

10)  Megatruh, lan

11)  Pocung.

 

3.        Paugerane Tembang Macapat

Ing piwulangan sadurunge wis diandharake manawa tembang macapat kaiket dening paugeran (kaidah/aturan) tartamtu. Paugeran tembang macapat kaperang dadi 3 (telu),yaiku :

a.       Guru gatra                 : cacahe gatra (baris) saben sapada (sebait)

b.      Guru wilangan          : cacahe wanda (suku kata) saben sagatra (baris)

c.       Guru lagu                  : tibaning swara (vokal) ing saben pungkasane gatra


 

Kanggo nggampangake anggone mbedakake antarane guru gatra, guru wilanagan, lan guru lagune, gatekna tabel iki.

Jinise Tembang

Guru Gatra

Guru Wilangan lan Guru lagu

1

2

3

4

5

6

7

8

9

10

Maskumambang

4

12i

6a

8i

8a

 

 

 

 

 

 

Mijil

6

10i

6o

10e

10i

6i

6a

 

 

 

 

Sinom

9

8a

8i

8a

8i

7i

8u

7a

8i

12a

 

Kinanthi

6

8u

8i

8a

8i

8a

8i

 

 

 

 

Asmarandana

7

8i

8a

8e

8a

7a

8u

8a

 

 

 

Gambuh

5

7u

10u

12i

8u

8o

 

 

 

 

 

Dhandhanggula

10

10i

10a

8e

7u

9i

7a

6u

8a

12i

7a

Durma

7

12a

7i

6a

7a

8i

5a

7i

 

 

 

Pangkur

7

8a

11i

8u

7a

12u

8a

8i

 

 

 

Megatruh

5

12u

8i

8u

8i

8o

 

 

 

 

 

Pocung

4

12u

6a

8i

12a

 

 

 

 

 

 

 

Gladhen 1

Wangsulana kang patitis!

1.    Tembang macapat iku uga diarani tembang apa?

2.    Apa tegese tembang macapat iku?Terangna kanthi ringkes!

3.    Tembang macapat iku cacahe ana pira?Coba tulisna!

4.    Paugerane tembang macapat iku ana 3 (telu), coba tulisna!

5.    Coba terangna tegese :

a.       Guru gatra

b.      Guru wilangan

c.       Guru lagu

 

Gladhen 2

Gatekna tembang macapat kanthi tema “Nyawiji ing Sajroning Prabeda” ing ngisor iki!Sawise iku wangsulana pitakon-pitakon ing ngisore!

Adi endah Nuswantara

tlatah kang gemah ripah loh jinawi

kabeh padha sayuk rukun

bikut padha makarya

mbangun nigari budaya adi luhung

amrih rukun lan santosa

amrih makmur lan nyawiji

Sumber : Kumpulan Tembang Macapat,

dening : Asmara Kinendra, Widya Pustaka, 2016

 

1.    Pira cacahing gatra tembang macapat ing dhuwur?

2.    Tulisen guru wilangan lan guru lagune tembang macapat ing nduwur!

3.    Sawise mangerteni guru gatra, guru wilangan, lan guru lagune, temtokna jinise tembang macapat ing nduwur kalebu tembang apa?

Tidak ada komentar:

BUS HANTU (KELOMPOK 3)