Uji Kompetensi Semester 1 (Gasal) Bahasa Jawa Kelas III Beserta Kunci Jawaban


Uji Kompetensi Semester 1 (Gasal)
Bahasa Jawa Kelas III



I.          Pilihen wangsulan  kang bener kanthi menehi tanda ping (X)!

Kanggo mangsuli soal nomor 1-5, gatekna geguritan ing ngisor iki!
Bocah Ngebut
(dening : Drs. Budi Wahyono, M. Si)

wis ora nganggo helm
lampu ngarep dipateni
playune byak-byakan
gawe jantung kerep dheg-dhegan

kowe le, sing genep mental
lha aku? Ora mokal...

yen ngebut, sakdurunge gundhulmu benjut
kelingana marang bapak-emakmu
yen kaget, kumate luwih seminggu

kowe sing bakal ngopeni
kabeh mau
Sumber : Panjebar Semangat No. 25, 20 juni 2015


1.        Teks geguritan ing dhuwur dumadi pirang pada?
a.         rong pada
b.         telung pada
c.         patang pada
d.        limang pada
2.        Teks geguritan ing dhuwur dumadi pirang gatra?
a.         patang gatara                              c.   sangang gatra
b.         nem gatra                                    d.   sewelas gatra
3.        Geguritan ing dhuwur anggitane...
a.         Drs. Budi Wahono, M. Si
b.         Drs. Budi Waluyo, M. Si
c.         Drs. Budi Wahyu, M. Si
d.        Drs. Budi Wahyono, M.Si
4.        Geguritan kasebut kapethik saka kalawarti Panjebar Semangat ing tanggal...
a.         20 Juni 2015
b.         25 Juni 2015
c.         15 Juli 2015
d.        20 Juli 2015
5.        Kebut-kebutan iku ngemu teges...
a.         motore dilakokake alon-alon
b.         motore dilakokake rada banter
c.         motore dilakokake banter
d.        motore dilakokake banter banget
6.        Tembung ing ngisor iki kang diwaca kanthi swara a jejeg yaiku...
a.         kenanga
b.         mawar
c.         anggrek
d.        mlathi
7.        Tembung ing ngisor iki kang diwaca kanthi swara u miring yaiku...
a.         glugu
b.         randu
c.         waru
d.        waluh
8.        Paneliti menyang lapangan kanggo ndelok kahanan sanyatane.
Iki aran...
a.         observasi langsung
b.         observasi ora langsung
c.         observasi individual
d.        observasi kelompok

Kanggo no. 9-12, gatekna lelagon ing ngisor iki!
Lintang Cilik
Lintang cilik ing langit kang biru
Aku pengin miber lan menari
Budhal menyang panggonanmu

9.        Lintang iku manggone ing...
a.         langit
b.         lemah
c.         banyu
d.        segara
10.    Cacahe lintang iku...
a.         sethithik
b.         akeh
c.         sethithik banget
d.        akeh banget
11.    Tugase lintang iku...
a.         metengi akasa
b.         ngrenggani aakasa
c.         ngregedi akasa
d.        ngelek-eleki akasa
12.    Kanthi cara apa marani lintang kasebut?
a.         miber lan menari
b.         miber lan menyanyi
c.         mlaku karo menari
d.        mlayu karo menari
13.    Nalika arep nulis geguritan, sing kawitan dhewe yaiku...
a.         nemtokake isi
b.         nemtokake tembung
c.         nemtokake ukara
d.        nemtokake tema
14.    Basane geguritan iku...
a.         dawa-dawa
b.         cendhak banget
c.         pedhot-pedhot
d.        padhet/mentes
15.    Nalika arep maca geguritan, kudune...luwih dhisik.
a.         mangerteni isine
b.         langsung maca batin
c.         langsung maca banter
d.        latihan cepetan

Kanggo no. 16-18, gatekna lelagon ing ngisor iki!
Padhang Bulan
Yo pra kanca dolanan ing jaba
Padhang bulan padhange kaya rina
Rembulane-ne kang ngawe-awe
Ngelingake aja padha turu sore

16.    Padhang bulaniku lumrahe ing wayah...
a.         esuk
b.         awan
c.         sore
d.        bengi
17.    Tembung rina nunggal teges karo wayah...
a.         esuk
b.         sore
c.         awan
d.        bengi
18.    “Yo pra kanca dolanan ing jaba.” Ing jaba ngemu teges...
a.         ing plataran
b.         ing omah
c.         ing sekolahan
d.        ing gedhong
19.    Mega sing ngemu banyu udan arane...
a.         bledheg
b.         udan
c.         mendhung
d.        mega
20.    Ngisor ing kalebu mangsa (musim) yaiku...
a.         udan
b.         pancaroba
c.         tropis
d.        bledheg

II.          Isinen titik-titik ing ngisor iki!
1.        Tembung tape nggunakake swara e ...
2.        Tembung roti nggunakake swara o ...
3.        Observasi iku pamawas (peninjauan) kanthi cara...
4.        Kahanan mendhung iku minangka tandha arep...
5.        Crita kang nyritakake panguripane kewan, kang nduweni solah tingkah kayadene manungsa diarani...
6.        Manut cacahe peserta, kagiyatan observasi kaperang dadi loro, yaiku...lan...
7.        Swara banter nggegirisi ing awang-awang pratanda arep udan diarani...
8.        Tuladhane cuaca yaiku...lan...
9.        Basa Indonesiane geguritan yaiku...
10.    Maca endah geguritan iku kanthi teknik...

III.          Wangsulana kang patitis!
1.        Goleka tuladha tembung kang nggunakake swara a jejeg lan a miring loro-loro wae!
2.        Apa wae kang perlu ditulis ing laporan observasi?Jlentrehna!
3.        Sebutna werna-wernane kluwung (pelangi)!
4.        Kepriye bedane cuaca karo mangsa/musim iku?Jlentrehna!
5.        Kepriye ciri-ciri/titikane geguritan iku?Sebutna!


Kunci Jawaban

I.            1. C                              
2. D
3. D
4. A
5. D
6. A
7. D
8. A
9. A
10. D
11. B
12. A
13. D
14. D
15. A
16. D
17. B
18. A
19. C
20. A
1.      Jejeg
2.      Miring
3.      Tliti
4.      Udan
5.      Fabel
6.      Observasi langsung lan observasi ora langsung
7.      Bledheg
8.      Cuaca cerah, berawan, udan, udan es, lan badai
9.      Puisi
10.  Maca nyaring
     

III.
1.      a jejeg : dina, ana, singa
a miring : taman, marang, jam
2.      -   dina lan tanggal observasi
-          Papan panggonan observasi
-          Wektu observasi
-          Sapa sing nindakake observasi
-          Isine observasi
3.      Abang, jingga, kuning, ijo, biru, nila, lan ungu
4.      Cuaca :
-          Dumadi sajrone wektu paling cekak (singkat)
-          Mung sajrone itungan dina
-          Unsur cuaca tansah owah gingsir
Tuladha : cuaca cerah, berawan, udan, udan es, lan badai
Mangsa/musim :
-          Dumadi sajrone wektu kang luwih dawa tinimbang cuaca
-          Sajrone itungan wulan
Tuladha : mangsa ketiga, rendheng, semi, panas, gugur, lan adhem
5.      Ciri-cirine geguritan :
-          ora kaiket wewaton guru gatra, guru wilangan, guru wilangan, lan guru lagu
-          Luwih ngutamakake babagan isine kang mentes lan becik/apik, sarta endah
-          Kanggo kaendahan basa nggunakake purwakanthi sawatara wae
-          Isi pitutur, piweling, kritik, protes, sindhiran, lan sapanunggalane
  

Tidak ada komentar:

BUS HANTU (KELOMPOK 3)