ULANGAN SEMESTER 1 BAHASA JAWA KELAS VIII BESERTA KUNCI JAWABAN


ULANGAN SEMESTER 1 BAHASA JAWA
KELAS VIII
           

Mata Pelajaran             : Bahasa Jawa
Satuan Pendidikan       : SMP/MTs
Kelas                            : VIII
Hari / Tanggal              :
Waktu                          :

PITUDUH UMUM  :
1. Isinen dhata peserta (jeneng, kelas, nomer, lan dhata Iiyane) ing Lembar Jawaban kanthi
komplit.
2. Gunakan potelot 2B kanggo ngisi jawaban ing Lembar Jawaban Komputer (LJK).
3. Kanggo njawab soal uraian ing lembarJawab Uraian (LJU) gunakna pulpen.
4. Cacahe soal iki ana 45, dumadi saka 40 soal pilihan ganda dan 5 soal uraian.
5. Sadurunge kokgarap tlitinen Ian priksanen soal-soale kanthi setiti.
6. Garapen dhisik soal-soal sing kok anggep paling gampang.
7. Laporna marang pengawas ruang menawa ana lembar soal sing kurang jelas,
    rusak, utawa kurang jangkep.
8. Telitinen maneh asil garapanmu sadurunge kok serahne marang pengawas ruang.
9. Lembar soal ora oleh dicorat-coret.

Wacanen sing setiti!
KEDHELE VARIETAS ANYAR
Kanggo ningkatake asil panenne kedhele para kadang tani, wis akeh panaliten
sing ditindakake dening para ahli ing Fakultas Pertanian Universitas Soedirman (Unsoed) Purwakarta durung suwe iki gawe ada ada panaliten.Objek sing di teliti yaiku ngawinake silang antarane kedhele  Wilis karo Dhempo kang nglairake kedhele varietas anyar sing di jenengake kedhele Slamet.Jeneng Slamet di jupuk papan uji coba sepisanan, yaiku ing lemah garapan ing lerenge gunung Slamet,Induk e kedhele wilisduwe sipat Agronomi sing apik.Dene kedhele Dhempo ditandur ing lemah ora subur kayata Asam Mineral Padsolik Warna abang kuning.Kedhele Dhempo uga tahan tumrap panyerange kutu kebul warna putih sing asring dadimomo king para kadang tani.Asil kawin silang varietas unggul kedhele Slamet iki duwe kaluwihan wohe akeh tahan marang panyerange kutu kebul, lan bisa ditandur ing tanah kang kurang subur. Manut apa kang wis dicoba dening para kadang tani ing desa Megalung Lor kecamatan pituruh, kabupaten Purwareja saben hektare ngasilake 2,47 ton kedhele kering.Adoh luwih akeh tinimbang kedhele varietas Malabar sawijining varietas sing asring ditandur dening para kadang tani.Varietas liyane sing uga asring ditandur para kadang tani yaiku kedhele Raung ngasilake kedhele kering kurang luwih 1,8 ton saben hectare.Keunggulan liyane ngendikane Dr.Ir Sunarto M.S uga cocog banget ing lemah sing kurang subur.Kanthi ngasilake3 ton saben hektare. ( Sumber pusat informasi agro industry )
I Pilihen wangsulan sing bener kanthi menehi tandha (X)
1.      Manut wacan ing dhuwur para ahli saka ngendi wae sing gawe ada ada panaliten kedhele varietas anyar iku ?
a.      Para ahli saka Fakultas Pertanian Unsoed   c. Para ahli saka Institut pertanian Bogor
b.      Para ahli saka Fakultas Unair                      d. Para ahli saka Unibraw
2.      Apa objek sing diteliti dening ahli pertanian kasebut ?
a.      Jagung varietas unggul                 c. Kacang Kedhele varietas unggul
b.      Kedhele varietas anyar                 d. kacang ijo varietas anyar
3.      Apa jenenge induk kedhele sing di kawinake silang ?
a.      Dhempo lan Malabar       c. dhempo lan slamet
b.      Dhempo lan wilis              d. wilis lan slamet
4.      Asile ngawinake silang kedhele varietas kasebut ngalirake  kedele varietas anyar kang dijenengne apa ?
a.      Kedhele wilis         b. kedhele Malabar    c. kedhele dhempo     d. kedhele slamet
5.      Kepriye sipate kedhele wilis ?
a.      Duwe sipat agronomi sing apik                c. duwe sipat ekologi sing apik
b.      Duwe sipat anatomi sing apik                  d.duwe sipat botani sing apik
6.      Kepriye sipate kedele dhempo ?
a.      Ora bisa ditandhur ing lemah kan ora subur
b.      Ora tahan marang panyerange kutu kebul
c.       Among bisa ditandhur ing lemah kang subur
d.      Bisa ditandhur ing lemah kan ora subur lan uga tahan tumrap panyerange kutu kebul
7.      Ing ngisor iki sipat saka asil kedhele sing dikawinake silang, kajaba …
a.      Bisa ditandhur ing lemah kang ora subur
b.      Tahan marang penyerange kutu kebul

c.       Among bisa ditandhur ing lemah kang ora subur
d.      Bisa ditandhur ing lemah kang ora subur lan tahan marang panyerange kutu kebul
8.      Manut apa kang wis dicoba dening para kadang tani ing desa megalung lor saben hectare kedhele slamet bisa ngasilake kedhele kering pirang ton ?
a.  2,47 ton      b. 3,47 ton       c. 4,57 ton       d. 5,57 ton
9.      Manut ngendikane Dr.Ir Sunarto M.S kedhele slamet uga cocog banget ing lemah kang subur saben hectare kedele slamet ngasil ake kedele kering pirang ton ?
a.      2,5 ton             b. 3 ton            c. 3,5 ton         d. 4 ton
10.  Deleng asil panen  sing nyeneng ake lan gampang tandurane ndadekake para kadang tani kepingin ngalih marang varietas unggul iki, apa sebabe ?
a.      Awit akeh para kadang tani padha ngantri tuku bibite
b.      Awit bibit kedhele  kanggo konsumsi ekspor
c.       Awit sing pesen wong saindenging nusantara
d.      Awit bibite isih winates lan durung sumadia akeh
11.  Tegese tembung ada ada ing wacan kasebut yaiku …
a.      Gara gara        b. miwiti          c. nindakake    d. mungkasi gawe
12.  Sipat agronomi ing wacan kasebut tegese yaiku …
a.      Sipat tandhuran kang wohe akeh kanthi pangolahe sing becik
b.      Sipat tanduran kang ora tahan marang ama tanduran kayata kutu kebul
c.       Sipat nylarasake karo lingkungan sing anyar
d.      Sipat kang ora bisa nylarasake karo lingkungane
13.  Tegese tembung kasembadan ing wacana kasebut yaiku…
a.      Ora bisa keturutan                  c. katurutan kalaksanan
b.      Ora bisa kalaksanan               d. ana panggoda rencana
14.  Tembung sumadya ing wacan kasebut tegese pada karo tembung …
a.      Cumanthol      b.cumantaka   c.cumawis       d. cumantol
15.  Tegese tembung mbudidaya ing wacan kasebut pada karo tembung tembung kang sinebut ing ngisor iki kajaba …
a.      Usaha  b. ngrekadaya               c.    ikhtiar    d. nglokro
16.  Wawanca kanthi tujuan golek warta tumrap sawijining prakara utawa kahanan kanggo keperluan tartamtu diarani …
a.Kegiatan wawancara     b. kegiatan wawan rembug    c.kegiatan temu wicara d. seminar

17.  Wawancara kanthi pitakonan sing wis disiapake lan respondene kari njawab manut
Pitakonan sing sumadya diarani …
a.      Wawancara konfrensi  c. wawancara individual
b.      Wawancara terpimpin  d. wawancara kelompok
18.  Layang sing isine mung saprelune wae cekak di tulis ing dluwang diarani layang …
a.      Layang kitir     b. paturan       c. dhawuh        e. ulem
19.  Layang sing isine jangkep diarani layang …
a.      lelayu    b. ganep        c. kitir    d. ulem
20.  sawijining layang sing isine  menehi samubarang kang kudu dingerteni marang liyan
diarani layang …
a.      dhawuh           b. ulem            c. lelayu           d.kitir
21.  Layang undhangan wong kang duweni khajat uga bisa diarani layang …
a.      Kitir     b.dhawuh        c. paturan        d. ulem
22.  Layang kang  menehi kabar kesripahan uga bisa diarani ….
a.      Layang ulem   b. dhawuh       c. lelayu           d. kitir
23.  Perangan kang nyebut ake marang sapa layang ditujokake diarani …
a.      Adangiyah       b.purwaka basa           c. surasa basa             d. wasana basa
24.  Perangan sadurunge isine layang kumrahe isi atur pambagya wilujeng diarani
a.      Surasa basa     b.purwaka       c. titi mangsa  d. peprenahan
25.  Perangan isi layang utawa kang dadi wigatining layang diarani…
a.      Adangiyah       b. purwaka basa          c. surasa basa             d. wasana basa
26.  Perangan pungkasane layang isine nyuwun pangapura diarani …
a.      Purwaka basa     b. suarasa basa        c.wasana basa     d.paprenahan
27.  Perangan layang kang nyebut kae papan tanggal panulise layang diarani …
a.      Titi mangsa     b. purwaka      c.surasa basa              d.wasana basa
28.  Perangan kang nyethakake sapa utawa keprenah apa kang gawe layang diarani 
a.      Surasa basa     b. purwaka      c. titi mangsa  d. peprenahan
29.  Basa sing digunakake nalika ngecakake kegiatan wawancara yen priyayine sing diajak omong luwih sepuh becik e nggunakake basa …
a.      Karma alus      b. karma lugu       c. ngoko alus     d. ngoko lugu 
30.  Wawancara sing ditindakake dening para wartawan  media cetak utawa elektronik kalebu wawancara kanggo kaperluan …
a.      Liputan pawarta          b. rekrutmen pegawe   c. panaliten  d. infotaiment
31.  Wawancara sing ditindakake dening personalia marang calon pegawe anyar kalebu …
a.      Liputan pawarta          b. rekrutmen pegawe   c. panaliten   d. infotaimen
32.  Ing ngisor iki kalebu tuladha tembung aran sing ora kasad mata kajaba …
a.      Kabudayan      b. katresnan    c. kapinteran   d. meja lan kursi
33.  Ing ngisor iki kalebu tuladha tembung kriya lingga yaiku …
a.       turu                b. nulis             c. ngarang       d. nyapu
34.  Sarupane tembung sing mratelakake penggawean,solah bawa utawa obah mosik diarani tembung …
a.      Aran            b. kriya                c. kahanan            d. katrangan
35.  Ing ngisor iki kalebu jinising tembung andhahan kajaba…
a.      Tembung kriya tandhuk          c. tembung kriya sambawa
b.      Tembung kriya tanggap          d. tembung kriya lingga
36.  Tembung sing mratelakake kepriye watak lan kahanan samubarang diarani …
a.      Tembung katrangan               c. tembung tembung kahanan
b.      Tembung wilangan                 d. tembung sesulih
37.  Jagone wis kluruk. Ukara kasebut yen ditulis nganggoakasara jawa yaiku...
  
38.   Ukara ing dhuwur yen disalin nganggo aksara latin yaiku …
a.      Sariti ora bisa slonjor              c. sariti ora bisa turu
b.      Sariti golek bluluk                   d. sariti pancen ayu
39.  Bapak kulak lengo . Ukara kasebut yen disalin nganggo aksara jawa yaiku …
  
40.  Mangan kripik,  yen tulis nganggo aksara jawa yaiku ...

II. Ukara ing ngisor iki saline nganggo aksara jawa nggunakake sandhangan wyanjana
     Sing bener!
 1.      Suryadi mangan krupuk
 2.      Prayitna sregep sinau
 3.      Prasetya dodol lumpya
 4.      Karmini mangan kupat
 5.      Sarkawi lutak ludira

 KUNCI JAWABAN BASA JAWA KELAS VIII SMT GANJIL


PILIHAN GANDA :

1.      A          11.       C          21.       D          31.       B
2.      B          12.       A          22.       C          32.       D
3.      B          13.       C          23.       B          33.       A
4.      C          14.       C          24.       B          34.       B
5.      A          15.       D          25.       C          35.       D
6.      D          16.       A          26.       C          36.       C
7.      C          17.       B          27.       A          37.       B
8.      A          18.       A          28.       D          38.       C
9.      B          19.       B          29.       A          39.       A
10.  D          20.       A          30.       A          40.       B

WANGSULAN AKSARA JAWA :

1.      Suryadi mangan krupuk =


2.      Prayitna sregep sinau =


3.      Praseya dodol lumpya =


4.      Karmini mangan kupat =


5.      Sarkawi lutak ludira =






                                                                      



Tidak ada komentar:

BUS HANTU (KELOMPOK 3)