ULANGAN SEMESTER 1 BAHASA JAWA KELAS VII BESERTA KUNCI JAWABAN


ULANGAN SEMESTER 1 BAHASA JAWA KELAS VII


Mata Pelajaran             : Bahasa Jawa
Satuan Pendidikan       : SMP/MTs
Kelas                            : VII (Tujuh)
Hari / Tanggal              :
Waktu                          :

PITUDUH UMUM  :
1. Isinen dhata peserta (jeneng, kelas, nomer, lan dhata Iiyane) ing Lembar Jawaban kanthi
    komplit.
2. Gunakan potelot 2B kanggo ngisi jawaban ing Lembar Jawaban Komputer (LJK).
3. Kanggo njawab soal uraian ing lembarJawab Uraian (LJU) gunakna pulpen.
4. Cacahe soal iki ana 45, dumadi saka35 soal pilihan ganda dan 10 soal uraian.
5. Sadurunge kokgarap tlitinen Ian priksanen soal-soale kanthi setiti.
6. Garapen dhisik soal-soal sing kokanggep paling gampang.
7. Laporna marang pengawas ruang menawa ana lembar soal sing kurang jelas,
    rusak, utawa kurang jangkep.
8. Telitinen maneh asil garapanmu sadurunge kokserahne marang pengawas ruang.
9. Lembar soal ora oleh dicorat-coret.
Wacan Bocah :

RATU SIMA
(Dening: Jeparabaruku.blogsrport.com)
        Miturut sejarah Ratu Sima asale saka Kraton Kalinnga (abad 6).Ratu Sima minangka ratu
kang jujur,adil lan tegas saengga ditresnani para rakyat Kalingga.Minangka panguasa tunggal
Ratu Sima kaloka anggadhahi tata aturan kang tegas ing babagan colong jupuk.Paukuman ta-
Kang dikethok  bakal ditindakake marang sapa wae kang colong jupuk duweke liyan.Paukuman kuwi kanggo sakabehe rakyat kalebu kuluarga kraton Kalingga.Salah siji wujud persamaan ha king sajroning babagan ukum .Salah siji aturan perundangan kang diugemi yaiku tanggan bakal dikethok tumrap para pandung senajan kang nindakake putra piyambak. Ratu Sima minangka panguasa  Kerjaan Kalingga kang mapan ing pantaiutara Jawa Tengah kirang langkung taun 567 M.Ratu Sima nindakake ukum kang tegas kanggo numpas babagan colong jupuk lan kadurjanan sarta wewarah tumrap para rakyat supaya tansah jujur.Dicritakake uga ana raja saka manca kang ninggalake kantongisi emas ing dalan sakcedhake alun alun kanggo mbutekake manawa rakyat Kalingga iku jujur jujur lan Ratune kuwai adil, lan teges.Kasunyatane pancen pener kantong emas kuwi wutuh lan ora ana sawijining wong kang wani nyenggol barang kang dudu duweke.Nganti sawijining dina ana putra Mahkota kang tanpa sengaja nyenggol kantung kasebut.Pungkasane Ratu Sima paring paukuman tumrap pangeran supaya tangane dikethok lan bisa dadi tuladha tumrap rakyat manawa ukum kuwi kudu adil tegas lan ora pilih kasih.
A.      Pilihen wangsulan sing bener kanthi menehi tandha (X)
1.      Miturut sejarah ratu panguwasa Kalingga kang kaloka jujur adil lan teges asmane yaiku :
a.      Ratu kalinyamat         b.Ratu Sima          c.Ratu Gayatri        d.Ratu Kilisuci
2.      Paukuman kang bakal diparingake marang sapa wae kang tumindak colong jupuk yaiku..
a.      Sing colong jupuk bakal dikunjara
b.      Sing colong jupuk bakal dipidana
c.       Sing colong jupuk bakal kena denda
d.      Sing colong jupuk bakal dikethok tangane
3.      Ratu Sima nata ing Kalingga wonten ing taun ….
a.      576 M             b. 575 M          c. 675 M          d. 567 M
4.      Kanggo numpas …. Ratu Sima nindakake ukum kanthi tegas
a.      Pandung lan kadurjanan                    c. Samubarang sing ala
b.      Kebecikan lan kebeneran                  d. kabeh barang kang ora becik
5.      Wewarah kang diwulangake dening ratu Sima marang para rakyate yaiku …
a.      Kudu rukun     b.  kudu gotong royong           c. kudu jujur    d. kudu mituhu
6.      Kang ditindakake dening raja manca kanggo mbuktekake manawa rakyat Kalingga jujur ..
a.      Ninggalake kantong isi dhuwit ing sacedhake alun alun
b.      Ninggalake kantong isi emas ing sacedhake alun alun
c.       Ninggalake kantong isi dhuwit ing sacedhake pendhapa
d.      Ninggalake kantong isi emas  ing dalan sacedhake alun alun
7.      Miturut wacan ing dhuwur kang ora sengaja nyenggol kantong duweke raja manca yaiku…
a.      Pangeran utawa putra mahkota        c.  punggawa kraton Kalingga
b.      Prajurit Kalingga                                d.  rakyat Kalingga
8.      Tuladha kang di paringake dening Ratu Sima  marang rakyat Kalingga yaiku …
a.      Ukum kuwi kudu tegas lan ora pilih kasih
b.      Ukum kuwi kudu adil lan ora pilih kasih
c.       Ukum kuwi kudu tansah ditegasake
d.      Ukum kuwi kudu tegas adil lan ora pilih kasih
9.      Tembung – tembung sing durung owah saka asale kudu bisa madeg dhewe diarani tembung …
a.      lingga             b. andhahan      c. saroja        d. camboran
10.  Tembung tembung sing wis owah saka asale jalaran oleh wuwuhan, pangrangkep, wancahan  lan  kacambor  diarani  tembung …
a.      lingga             b. dwilingga       c. kriya lingga          d. andhahan
11.  Tembung-tembung ing ngisor iki kang kalebu tembung andhahan yaiku …
a.      Segara,  prekara        b. rina, wengi    c. tulis, nggambar    d.tumeka, kelepyur
12.  Adhik ndhelikake buku ing lemari . tembung linggane ndhelikake yaiku …
a.      ndhelik           b. dhelik          c, ndhelike       d. dhelikake
13.  Tembung – tembung ing ngisor iki kang ora kalebu tembung andhahan yaiku …
a.      lunga              b. tumeka        c. gegayuhan               d. mlaku
14.  Kang ora kalebu pangrimbage tembung andhahan karana karangkep yaiku …
a.      dwi tunggal    b. dwipurwa    c. dwiwasana  d. dwilingga
15.  Tembung tembung ing ngisor iki kang kalebu tembung dwilingga salin swara yaiku…
a.      ontang-anting            b. mlaku-mlaku           c. bola bali      d. undur-undur
16.  Tembung loro utawa luwih sing tegese padha utawa meh padha digawe bebarengan kanggo tujuan mbangetake diarani tembung…
a.      garba              b. entar           c. camboran    d. saroja
17.  Tembung sing duweni teges ora salugune diarani tembung …
a.      garba              b. entar           c. saroja          d. camboran
18.  Tembung tembung kayata  entheng tangane, wedi getih,adol bagus kalebu tembung…
a.      entar              b, saroja          c. garba           d. camboran
19.  Ukara ing ngisor iki sing migunaake tembung saroja yaiku …
a.      Ibu lagi wae gawe madu mangsa
b.      Para warga desa padha guyub rukun tandang gawe
c.       Bocah yen dawa tangane mula ora ana kancane
d.      Omongane mesti ngabangake kuping
20.  Rina wengi bapak tansah mempeng anggone nyambut gawe , golek…
a.      Sandhang papan        b. raja kaya     c. sandhang pangan    d. raja brana
21.  Tindak tanduk sing dianggep ora netetepi tata karma mertamu yaiku …
a.      Mlebu omah kanthi sopan                        
b.      Yen mertamu kudu salam marang sing duwe omah
c.       Nhelengi barang barang kang ana ing njero omah
d. nalika mertamu kudu uluk salam dhisik
22.  Basa ngoko lugu digunakake dening ….
a.      Wong pangkat karo wong pangkat
b.      Anak marang wong tuwa
c.       Kanca padha kanca sing wis akrab
d.      Wong enommarang wong tuwa
23.  Ukara ukara ing ngisor iki kang migunakake basa ngoko alus yaiku
a.      Panjenengan apa sida wangsul sesok ?
b.      Bapak saweg maos kalawarti
c.       Bapak dhawuh menawa aku kudu sregep sinau
d.      Ibu lagi ngeterake adhik les
24.  Ukara ukara ing ngisor iki kang unggah ungguhe bener yaiku …
a.      Ibu mundhut rasuka enggal                          c. kula nembe kemawon siram
b.      Pak dhe Marta saweg mirsani ringgit           d. Panjenengan sampun nedha ?
25.  Ukara ukara ing ngisor iki kang unggah ungguhe bener yaiku…
a.      Kula nembe dhahar   
b.      Wangsulane ora ana sing bener
c.    Ibu tangi turu   
d.    Panjenengan sampun nedha
26.  Tatakramane mlaku ing ngarepe wong tuwa miturut budaya luhur yaiku …
a.      Mlaku karo tingak tinguk                  c. kudu mlaku karo tumungkul sirahe
b.      Mlaku lembeyan wae                        d.mlaku karo cepet – cepet
27.  Unggah ungguh karo wong tuwa yen budhal utawa teka lunga patrape kudu …
a.      Tansah pamit lan salim                     c. tansah salaman
b.      Tansah pamitan                                d. tansah nyuwun sangu
28.  Miturut budaya luhur kang kalebu babagan sing utama yaiku ….
a.      Tumindak sawiyah wiyah marang sapadha
b.      Rasa kurmat lan sopan santun minangka babagan kang utama
c.       Tumindak kang ora mikir ake liyan
d.      Tumindhake tansah sopan santun
29.  Babagan tata krama lan sopan santun kudu diwiwiti awit cilik amarga …
a.      Supaya ing tembe mburi dadi uwong pangkat lan mulya
b.      Supaya ing tembe mburi dadi uwong linuwih
c.       Supaya ing tembe mburi bisa mikul dhuwur marang wong tuwane
d.      Supaya ing tembe mburi bisa dadi uwong kang andhap ashor
30.  Ukara ing ngisor iki kang kalebu basa ngoko alus yaiku …
a.      Eyang lagi wae tilem                            c.ibu lagi gawe sekul goreng
b.      Daleme guruku adoh                            d.bulik nembe mawon rawuh
31.  Ukara ing ngisor iki kalebu ukara basa krama alus yaiku …
a.      Mangga pak, dipun dhahar sak wontenipun
b.      Sampun dalu eyang wancinipun tilem
c.       Sekedhap njih pak, bapak taksih siram
d.      Nyuwun pangapunpen sampeyan sinten ?
32.  Bapak sik tas …. Saka kantor.Tembung kan cocog kanggo ngganepi supaya dadi basa ngoko alus yaiku …
a.      Wangsul         b. dhateng       c. rawuh          d. dugi
33.  Pak kulo badhe ….. amargi kulo dereng adus
a.      Kondur            b. jengkar        c. mulih           d. wangsul
34.  Ing  ngisor iki kalebu crita pewayangan saka ramayana yaiku …
a.      Anoman duta, laire shinta                       c. rama tambak,kresna gugat
b.      Kresna duta,rama tundhung                   d. laire parikesit,gatutkaca gugur
35.  Ing ngisor iki kalebu crita pewayangan saka Mahabarata yaiku …
a.      Wahyu cakraningrat, rama tundhung           c. arjuna papa, laire antasena
b.      Babad wanamarta,laire sintha                      d. gatutkaca sungging, rama nitis

II.  Tegesana paribasan ing ngisor iki kanthi wangsulan sing bener!
36.  Kegedhen empyak kurang cagak  =
37.  Palang mangan tandhuran             =
38.  Sepi ing pamrih rame ing gawe    =
39.  Adigang,adigung,adiguna             =
40.  Timun wungkuk jaga imbuh        =

III. Tulisen nganggo aksara jawa!
41.  Dodol sate wedus     :
42.  Bapak camat             :
43.  Gelem goroh             :
44.  Pados yatra               :
45.  Dhemen wadul         :



GOOD LUCK!!!



KUNCI JAWABAN BASA JAWA KELAS VII SEMESTER I


PILIHAN GANDA

1.      B               11.       C          21.       C          31.       A         
2.      D               12        B          22.       C          32.       C
3.      D               13.       A          23.       C          33.       D
4.      A               14.       B          24.       B          34.       D
5.      C               15.       A          25.       B          35.       C
6.      D               16.       D          26.       C
7.      A.              17.       B          27.       A
8.      D               18.       B          28.       B
9.      A               19.       D          29.       D
10.  D               20.       C          30.       B

WANGSULAN PARIBASAN

            36. Kegedhen empyak kurang cagak = Kegeden kekarepan nanging kurang sembada
            37. Palang mangan tandhuran= Diwenehi kapercayan malah gawe kapitunan
38. Sepi ing pamrih rame ing gawe = Nindakake penggawean kanthi ora duwe kemilik
      an apa – apa.
39. Adigang,adigung,adiguna = Ngendelake kekuatan,kaluwihan,kepinterane
40. Timun wungkuk jaga imbuh = Wong bodho kanggone mung yen kekurangan wae


Tidak ada komentar:

BUS HANTU (KELOMPOK 3)